Powered By Blogger

Jumat, 04 Mei 2012

Tuladha Pidato Ketua Panitia

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang tuhu kinabekten bapak kepala desa minangka pangarsa desa Kalikuning, Para pinisepuh sesepuh adi sepuh ingkang tuhu luhur ing budi, para tamu uleman kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, para pangembat-pangembating praja satriyaning nagari ingkang rahayu nir ing sambikala.

Langkung rumiyin mangga, kula lan panjenengan ngunjukaken raos puja pangalembana dhumateng Gusti ingkang Hakarya Jagad, ingkang sampun paring mapiten-pinten karahmatan lan hidayahipun satemah kula lan panjenengan saget makempal manunggal wonten adicara Pengetan 17 Agustus menika kanthi rahayu nir ing sambikala.

Salawat lan mugi tansah pinaringan dhateng junjungan kula lan panjenengan nun inggih Nabi Agung pungkasaning Jaman, Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kula lan panjenengan antu-antu syafa'atipun wonten donya dumugi akhiratipun.

Para pilenggah kakung sumawana putri ingkang sinungga ing akrami

Kula minangka ketua panitia, pengetan Dinten Kamardikan 17 Agustus 1945 menika, kepareng ngaturaken sugeng rawuh saha panuwun ingkang tanpa pepindhan awit rawuh panjenengan ngrawuhi menapa ingkang dados uleman kula sakanca.

Salajengipun kula aturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para kadang ingkang sampun paring pambiyantu awujud dana, tenaga menapa iguh pratikel.

Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng kadang ingkang sampun kersa nyengkuyung amrih rancakipun adicara ing wekdal menika.

Para tamu ingkang sinudarsana

Kula minangka sulih aturing kadang panitia, nyuwun agunging pangapunten mbok menawi anggenipun caos papan pilenggahan menapa pasugatan kirang nujuprana, kirang dadosaken renaning penggalih,sepisan malih kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.

Para tamu ingkang kinurmatan

Mangga adicara ing wekdal menika kula lan panjenengan sengkuyung, amrih lestari kanthi nderekaken lampahing adicara kanthi eco lan sekeco dumugi paripurna. Mboten sekeca menawi kula matur kathah-kathah, kathah lepat saha kirangipun anggen kula matur, tata krama ingkang kirang trapsila, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksama.

Kula Pungkasi Billahi taufiq wal hidayah wassalamu'alaikum wr. wb


Lyo Green